OMAH ADAT JAWA


Omah adat Jawa sing umum dikenal yaiku omah utawa umah sing duwé gaya arsitektur joglo, seliyané iku uga ana umah sing dibangun nganggo gaya arsitektur liya misale: limas, dara gepak, joglo trajurmas uga bangunan liya umpamane sasono suko.
Omah adat Jawa sing esih lengkap lan nduwe nilai-nilai budaya Jawa yaiku sing nduwe 3 bagian bangunan, saka ngarep ana pendhapa sing diapi 2 bangunan liya sing radha cilik lan posisine radha neng arepan bangunan pendhapa. Bagian tengah ana pringgitan lan bagian mburi dhewe ana dalem.
Omah neng desa-desa lan penduduk biasa umume bangunane tunggal lan dibangun nganggo gaya arsitektur dara gepak.
Bagian
  1. Pendhapa: diapit Pengrawit apitan lan Tajuk mangkurat
  2. Pringgitan neng tengah-tengah
  3. Dalem ageng utawa dalem: sing dipérang manèh dadi 3 bagian yaiku: Senthong kiwa, Senthong tengah lan Senthong tengen
  4. Gandhok lan pawon
Perangan omah
1.      Dhasaran utawa diarani bebatur
2.      Ragangan
3.      Payon
4.      Panutup
Gaya arsitektur
  1. Joglo (payon joglo)
  2. Limasan (payon limas)
  3. Kampung (payon pelana)
  4. Panggang Pe
  5. Mesjidan/Tajugan
ü  Jinis-jinising omah Joglo :
  1. Joglo Lawakan
  2. Joglo Sinom
  3. Joglo Jompongan
  4. Joglo Pangrawit
  5. Joglo Mangkurat
  6. Joglo Hageng
  7. Joglo Semar Tinandhu
ü  Jinis-jinis omah Limasan
  1. Limasan Lawakan
  2. Limasan Gajah Ngombe
  3. Limasan Gajah Njerum
  4. Limasan Apitan
  5. Limasan Pacul Gowang
  6. Limasan Cere Gancet
  7. Limasan Trajumas
  8. Limasan Gajah Mungkur
  9. Limasan Klabang Nyander
  10. Limasan Lambang Teplok
  11. Limasan Semar Tinandu
  12. Limasan Lambang Sari
  13. Limasan Semar Pinondhong, conto Bangsal Kama, Kraton Cirebon
ü

monggo_suwun. follow twitter : @selestinaaph

Komentar

Postingan Populer